Kamis, 23 Mei 2019

Ayo Maca Cekak


Kanca Gawe Susah
Dening: Mutiara Hayyu Barwita


Dina iki Joni siap-siap arep mangkat menyang sekolah. Pas jam 06.30 Joni budhal saka omah numpak pit ontel sing wis biasa di gawa mangkat sekolah. Sakdurunge menyang sekolah, Joni ngampiri  omahe Seto ngajak mangkat bareng. Joni karo Seto wis kekancanan awit SMP sampe saiki kelas 2 SMA. Saben dina, Joni karo Seto mangkat bareng-bareng numpak pit ontel e dhewe-dhewe. Joni terkenal bocah sing pinter lan sederhana. Padahal Joni lair saka kaluwarga mampu nanging Joni ora pernah sombong lan pamer. Dheweke luwih seneng urip sederhana. Beda karo Seto, dheweke lair saka kaluwarga ora mampu nanging kadang sombong lan gampang kena pengaruh wong liya.
            Ing sekolah, Joni karo Seto bebarengan terus. Menyang kantin, menyang perpustakaan, menyang kelas, lan menyang ngendi wae mesti bareng kaya wong pacaran. Ing salah sawijining dina, Joni ora mangkat sekolah nganti seminggu merga kena penyakit cacar.  Akhire, saben dina Seto menyang sekolah dewean. Ing sekolah Seto dolan gabung karo kanca liyane. Nanging Seto dolan karo kanca sing ora apik kelakuane. Kancane kuwi wis terkenal duwe pergaulan sing elek. Bocah-bocah kuwi duwe geng lan sapa wae sing dolan karo geng e kuwi kudu nuruti aturane. Ora mikir kuwi apik apa ora sing penting kudu nurut. Saben dina, Seto dolan karo geng kuwi nganti lali karo Joni. Ditinggal Joni seminggu, kelakuane Seto dadi beda drastis. Saiki Seto dadi bocah nakal lan seneng narkoba merga dolan karo geng mau.
            Ing sawijining dina, Joni wis waras saka penyakit cacare. Joni biasa ngampiri Seto sakdurunge menyang sekolah. Nanging Joni kaget weruh penampilane Seto saiki beda karo mbiyen. Seragam sekolahe ora tata, klambine padha metu ora dilebokke celana. Kerah klambine ora ditekuk lan rambute semrawut ora ditata. Merga kaget karo penampilane Seto saiki, Joni takon marang Seto. “Set, kok saiki penampilanmu dadi kaya ngene ngopo?” karo nunjuk-nunjuk klambine Seto sing ora tata. “Yo rapopo, aku kepengin beda wae”, jawabe Seto. “Beda yo beda tapi aja kaya ngene, kudune luwih rapi dudu malah dadi ora jelas kaya ngene kaya bocah nakal” kandane Joni. Nanging Seto ora gelem ngrungokake sing diomongke Joni, Seto langsung ngejak Joni mangkat sekolah.
            Tekan ing sekolah, Seto langsung ketemu karo kanca-kanca geng e. Dheweke langsung gabung lan lungo ninggalake Joni. Joni kaget banget. “Lho kok saiki Seto dolan karo geng kuwi, padahal geng kuwi kan geng nakal, pantes penampilane dadi beda ngono”, batine Joni. Sakwise markirke pit ontel e, Joni langsung mlebu menyang kelas lan takon marang kanca-kanca liyane ngapa saiki Seto dolan karo geng sing nakal kuwi. Terus kanca-kanca liyane pada crita asal mulane. Joni kaget lan ora nyangka Seto bakal kaya ngono.
            Dina setu malem minggu, biasa geng nakal kuwi ngrayakake pesta narkoba ing omah kosong. Omah kuwi wis suwe ora ana sing nunggoni, suwung, akeh tanduran-tanduran kang semrawut lan lingkungane sepi adoh saka omah warga. Saben malem minggu, omah kuwi dadi basecamp e geng nakal iku kanggo pesta narkoba. Merga lingkungane sepi, saben geng nakal iku pesta narkoba ora ana warga sing ngerti. Pestane lancar terus lan gawe geng kuwi terus-terusan pesta narkoba ning omah kosong iku. Bengi iku dadi bengi pertamane Seto melu pesta narkoba karo geng nakal. Awale Seto wedi arep melu pesta narkoba, nanging saking pintere bocah-bocah geng nakal iku ngrayu akhire Seto wani lan gelem melu pesta narkoba. Pas jam 00.00 geng nakal lan Seta miwiti pestane. Seto lan geng nakal katon seneng kaya ora ana beban ing pikirane. Pestane rame lan padha bebas ngisep ganja karo miras. Ana lagu sing ngiringi pestane iku. Seto lan geng e ora mikir pikiran liya sing dipikir mung seneng bisa pesta narkoba. Nganti jam 03.00 pesta, akhire Seto lan geng e keturon ning omah kosong kuwi.
            Esuk-esuk jam 06.00 ora sengaja Joni lagi mlaku-mlaku sinambi olahraga muter-muter ning kampunge. Dheweke olahraga muteri kampunge nganti tekan omah kosong sing dinggo pesta karo Seto lan geng nakal e. Ora biasane Joni mlaku-mlaku nganti nglewati omah kosong, nanging pas dina iku rasane Joni kepengin nglewati omah kuwi lan kepengin ngerti kepiye lingkungane saiki. Wis 15 menit Joni mlaku-mlaku, dheweke tekan ning ngarepe omah kosong. Joni weruh ana motor ing ngarep omah kuwi, Joni bingung lan dheweke kepengin  ngerti ngapa ana motor ning omah kuwi. Joni langsung mlebu omah kosong lan kaget merga dheweke weruh ana Seto karo geng nakal. Ditambah maneh, Joni weruh ana botol-botol miras lan ganja. Joni langsung mlayu lan cepet-cepet nelpon polisi. Wis 10 menit, akhire polisi kuwi teka ning omah kosong. Joni langsung crita marang polisi banjur polisi langsung mlebu lan langsung gawa Seto lan geng nakal e menyang kantor polisi. Kanthi bukti-bukti sing nyata, akhire Seto karo geng nakal di penjara nganti 2 tahun. Seto lan geng nakal langsung ditokke saka sekolahe.


Nah, saka crita cekak ing dhuwur bisa dijupuk pelajaran supaya awakedhewe aja sembarang milih kanca. Kanca kuwi ana sing apik lan ana sing elek, kepiye carane awakedhewe golek kanca sing bisa menehi pengaruh positif dudu malah menehi pengaruh negatif lan gawe rugi. Aja gampang kepengaruh karo hal-hal sing elek, kabeh kuwi ana resikone. Dadi bocah sekolah kuwi kewajibane mung siji yaiku sinau, sinau lan sinau. Mula aja padha nglakokake tindakan sing ora bener, dosa iya dihukum iya.

18 komentar:

  1. Bagus banget kak ceritanya, di tunggu cerita selanjutnya kakak

    BalasHapus
  2. Wahhh mantap kakk critanyaa 😍😍😍

    BalasHapus
  3. Ceritanya menarik kak. Salam kenal ya.

    BalasHapus
  4. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  5. bagus kak, lanjut terus berkaryanya πŸ‘

    BalasHapus
  6. Ditunggu karya selanjutnya kaka ^^

    BalasHapus