Minggu, 26 Mei 2019

Ayo Sinau Geguritan







A. Pengerten Geguritan
   Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Tegese ukarane ora  nggladrah, tembunge duwe makna kanng jero, lan nggunakake tembung-tembung rinengga (purwakanthi swara, sastra, lan basa). Mula geguritan  ing kawitane mung cekak nanging nggunakake tembung-tembung kang duwe nilai estetika dhuwur. Wujud geguritan iku saemper karo sair (syair). Panulisane kanthi bait-bait/gatra. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang macapat.

B. Jinis Geguritan
    Kanggo ngreteni lan mahami surasane geguritan, awake dhewe kudu ngreti jinis-jinise geguritan. Adhedhasar surasane kang kamot jrone geguritan ing jaman saiki kayata:
  1. Ode yaiku geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara apadene kang dianggep luhur.
  2. Himne yaiku geguritan pangalembana marang Gusti Kang Mahakawasa
  3. Elegi yaiku geguritan kang surasane panalangsa. Geguritan iki njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan ngrujit ati.
  4. Epigram yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes.
  5. Satire yaiku geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang landhep/sinis tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.
  6. Romansa yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging tresna ing maneka warna bab.
  7. Balada  yaiku geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga.
C. Tuladha
     Geguritan 1


SLIRAMU

Marang wengi iki
Udakara wanci setengah pitu
Tansah kelingan sliramu
Ing papan iki
Anggonmu teka ning aku
Rasaning ati iki gemebyar
Amarga sliramu kandha tresna

Hawane…
Ati iki kaya cumloroting rembulan
Yen disawang padhang
Yen dirasakke ayem
Uga gawe seneng

Barang saiki
Ati iki peteng
Ra ana sliramu
Wis sesasi kapungkur
Isine mung kuciwa
Tansah sliramu
Amung lamis



     Geguritan 2



TRESNA KANG OWAH

Nrima Marang pepesthen kang bakal tumeka
Kayata Urip iki
Urip kang Tansah mikirke sliramu
Esuk awan wengi ati Iki ngrasakke gegana
Merga tresnamu samsaya Ambyar ing atiku
Kowe beda Ra kaya biyen
Tak rasakne tresnamu Adem kaya es

Aku mesem Hamung ngerti sliramu
Yen nyatane Ana sing liya
Pawongan sing luwih bisa nYenengke sliramu
Aku pilih mundur Yen ngana kahanane
Sliramu tega Uga mblenjani janji

Ati iki tetep Bakoh nrima kasunyatan
Kudu lila Ananging lara
Merga tresnamu Ra kaya janjimu
Yen iki Wancine kudu ngene
Tresnaku tak jaga Ing ati iki
Kanthi lila Tur legawa
Sing Amung dadi pangarep ing impen




1 komentar: